Kaya
Ngimpi
Wengi kuwi, wengi kang sepi sunyi dadi siji
Tan ora ana rembulan kang mancarke cahaya
Tan ora ana lintang kang kedip ing langit jagad raya
Wengi kuwi,
Aku ana ing tengahing mega
Mega kang peteng dedet tan ana rupa
Aku mblayang-mblayang ing tengahing bumi iki
Naming kowe sing tak pethuki
Saya suwe njur kowe saya nyedhaki
Lima detik anggonmu nyedhaki
Bareng nyedhak kowe mlayu ngadohi
Kebeh iki kaya dene ngimpi
ngimpi sakedip ing mata iki
Tidak ada komentar:
Posting Komentar