Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu,
wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may
yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu
an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan
‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten
rahimakumullah;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari
minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas
ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus
dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan
memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita
aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum
muslimin lan muslimat rakhimakumullah.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja
puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing
titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat
arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng
junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para
keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi
kita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat
rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara
ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan
saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing
ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut
reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun
rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
1. Adicara angka sepisan Pambuka
2. Kalajengaken
adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing
Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
3.Ndungkap adicara
ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe
kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
4.Adicara ingkang
angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai ………….
(biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam
kesempatan pengajian ini).
5.Wondene adicara
ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun
inggih Wedharing Pengaosan arupi
tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama
beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
6.Minangka
pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat
rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan
………….. ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta
lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika,
sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya
murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan
………………….. (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar