Asal mulane Kaliwungu
Asal mulane kutha Kaliwungu yaiku saka getih sing mili
kaya kali sing warnane ungu utawa getih sing mili kaya kali. Awale saka perang
antarane Sunan Katong karo empu utawa pangeran Pakuwojo. Banjur pendekar loro
kuwi mati kabeh. Lan getihe mili kaya kali sing warnane ungu yaiku getih putih
campur getih warna abang ati.
Sunan Katong karo pangeran Pakuwojo kuwi mau mati
amarga salah paham sing awale saka dendam. Wong loro kuwi mau tokoh-tokoh sing
bedha alirane. Pangeran Pakuwojo jengkel amarga ana sing nglindungi anakke
yaiku Sunan Katong gurune dhewe. Banjur pangeran Pakuwojo nikam sing nglindungi
anakke kuwi mau tanpa ngerti sapa kuwi wonge. Banjur pangeran Pakuwojo ngerti
sing nglindungi anakke kuwi mau gurune dhewe, Pangeran Pakuwojo banjur lemes
kabeh awake. Pangeran Pakuwojo njaluk pangapura sujud ana sikile Sunan Katong,
sakwise ditikam Sunan Katong banjur nyabut keris sing ana ing awake banjur
langsung ditusukake awake Pangeran Pakuwojo. Wong loro kuwi sing bedha aliran
banjur mati bareng. Getih putih campur karo getih abang ati kuwi warnane dadi
ungu lan ngalir utawa mili kaya kali. Banjur daerah kuwi mau dijenengake
Kaliwungu.
Sakbanjure kuwi mau kutha kaliwungu kanggo pusat
pemerintahane kadipaten Kaliwungu yaiku daerah sing dibangun Sunan Katong
banjur dikembangake karo ulama mataram yaiku panembahan Djominah ingkang gadhah
garis keturunan saking Sunan Giri yaiku Kyai Haji Asyari utawa Kyai Guru.
Kaliwungu yaiku daerah sing berpotensi. Bandar Asam
Arang sing straregis didadekake kadipaten Kendal ing kaliwungu tambah
ngrembaka. Faktor strategis liyane yaiku dalan lurus ingkang nuju mataram sing
dampingan karo kadipaten semarang.Ngadahi pantai landai ingkang dadi
pengembangan pelabuhan armada.koordinasi kaliyan masyarakat pondok pesantren
kaliyan para ulama’.
Armada kuwi mau didadekake ancaman sing dadi
pertimbangan sultan mataram yaiku VOC sing terus monopoli perdagangan.ingkang
dipercaya kaliyan sultan mataram yaiku adipati Kendal, Tumenggung Bahurekso.
KERIS
SANGKELAT LAN CRUBUK
Sawijine dina para wali padha kumpul, ngrembug babagan
Bintara. Para wali antuk ijin saka Prabu
Brawijaya ngedekake masjid kanggo solat berjamaah. Mula saka kuwi, para wali
diwajibake nyumbang saka guru siji-siji lan luput para ulama lan mukmin. Ujare
uga diwajibake saka rawa, blandar, pengeret, tumpang lan tugelan kayu liyane.
Sakliyane iku sing ora kalah penting yaiku bandha lan tenaga.
Antuk dawuh sing kaya mangkono Jeng Sunan Kalijaga
budhal sajroning alsas gedhe, golek kayu jati kanggo saka guru. Anggone budhal
Jeng Sunan Kalijaga ngajak murid kinasih kang peparab Jaka Supa. Sajroning
golek kayu ing tengahing alas, Jeng Sunan Kallijaga lan muride (Supa) kepethuk
kaliyan Dewi Rasawulan kang lagi tapa ngidang. Rasawulan sabenere isih kadhang
enom karo Jeng Sunan Kalijaga. Pungkasane Dewi rasawulan jodhokake kalawan Jaka
Supa. Jaka Supa iku putra Tumenggung Supadriya, bupati Wedhana. Bupati
Supadriya empuning sanjata prang ing Negara Majapahit. Supa saben dinane melu
biyantu gawe sanjata keris.
Nalika empu Supa lagi gawe sanjata, Jeng Sunan
Kalijaga teka kanthi uluk salam gawe kkageting empu Supa. “Mangga Jeng Sunan,
kok janur gunung, wonten prelu menapa?”ucape empu Supa. “Supa tekaku mrene arep
ngrepoti kowe. Aku pengen digawekake keris coten-sembelih ( pusaka kanggo
nyembelih wedhus utawa kebo ). Malah iki wis
tak gawakake pisan wesi kanggo pusakane.”ujare Jeng Sunan. Empu Supa kaget
bareng ngerteni wesi sing digawa Jeng Sunan Kalijaga. Banjur dheweke ngucap
“Jeng Sunan menapa leres ingkang paduka beta, kok wesinipun among sak klungsu
agengipun. Menapa saged damel keris Jeng Sunan?”
“ Empu Supa, sanajan among sak klungsu gedhene nanging
bobote ngungkuli abote watu gedhe kae, yen ora percaya coba angkata!”ngendikane
Jeng Sunan. Kanthi semu ora percaya empu Supa ngangkat wesi sing sak
klungsugedhene mau. “ Leres Jeng Sunan, jebul wesi menika kalangkung abot
katimbang sela menika. Jeng Sunan menapa wesi menika saged damel duwung, karana
wujudipun amungsak klungsu agengipun.”ucape empu Supa. “ Nak kira-kira wesi iki
gedhene sak gunung apa bisa kanggo gawe keris kuwi Supa?”wangsulane Jeng Sunan.
Tanpa dinyana wesi sing sak klungsu mau dadi sak
gunung gedhene. “ Jeng Sunan, menawi wesi menika wujudipun sak gunung pripun
anggen kula mande mangke Jenhg Sunan?”ujare empu Supa. Karana ucapan Jeng Sunan
wesi sing sak gunung mau malih dadi wujud sing asli.
Wesi sing diwenehaka Jeng Sunan mau wiwit dipande
dening empu Supa. Karana lantipe Supa, ora suwe wesi mau wis dadi wujud keris kang elokendahe. Banget
gumun penggalihe Jeng Sunan karana keris mau ora kaya kang diangen-ange. Keris
wujud keris Jawa (Majapahit) kang duweni luk telulas. Suwe Jeng Sunan
olehenamatake keris mau. Banjur Jeng Sunan ngendika” Supa, keris iki ora pantes
yen dienggo nyembelih wedhus utawa kebo. Keris iki pantese digunakake para
santri lan ratu sing nguwasani nusantara iki. Supa, keris iki takwenehi
tetenger Sangkelat.”
Rumangsa keris mau kalangkung peni, Jeng Sunan
Kalijaga bali nggawa wesi sing gedhenesak miri. Sakwise dipande empu Supa,
akire wesi mau dadi keris sing memper pedhang suduk ( golok utawa belathi ).
Ngerteni yen keris sing dikarepake dadi, Jeng Sunan rumangsa bombing manahe.
Keris mau diwenehi jeneng Crubuk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar