Selasa, 14 Januari 2014

Dongeng Semarangan

MRAPEN

Mrapen sakwijining desa sing ombone 8600 m2, klagungane Ibu Parminah (alm). Panggonane ing pinggiring dalan gedhe Semarang-Purwodadi yaiku 36 km saka Semarang sing kalebu ing wilayah desa Manggar Mas Kecamatam Godhong Kabupaten Brobogan Jawa Tengah. Ditemokake karo rombongan sing nggowo piranti-piranti pusaka tinggalane kerajaan Majapahit arep nyang Demak.
Nalika pemerintahan Prabu Brawijaya V, Majapahit Runtuk kira-kira taun 1478 M. Sawijining sebabe yaiku anane serangan saka Prabu Girindrawardhana saka Keling Kediri. Sakbubare iku Majapahit bisa dikuasai Kerajaan Demak Bintoro sahingga Demak Bintoro njupuk piranti-piranti pusaka saking Majapahit digawa nyang Demak Bintoro, rombongan iku dipimpin dening Sunan Kalijaga. Nalika rombongan nembe ngaso akeh sing padha kesel, ngelih (luwe) lan ngelak. Ora suwe rombongan padha masak amarga bahan pangan sing digawa saka Majapahit iseh akeh nanging merga adoh saka omahe penduduk mula ora ana geni utawa banyu resik.
Sunan Kalijaga bebarengan karo rombongan padha ndonga nyuwun marang Gusti Allah SWT supaya oleh geni utawa banyu. Sabubare ndonga, Sunan Kalijaga jumeneng karo nancepake kayu nang lemah, sanalika kayu dicabut geni bisa metu saka lemah iku. Sakbubare iku Sunan Kalijaga mlaku tumuju wetan nancepake kayune, nalika dicabut ana banyu sing nyembur. Rombongan pada seneng saknalika banyu lan geni iku digunakake kanggo masak.
Sawijining pirang-pirang dina saka iku Sunan Kalijaga karo rombongan arep bali nyang Demak, nanging sakwijining prajurit nggremeng amarga piranti sing digawa iku abot lan ora ana sing bisa kuat ngangkat/nggawa. Piranti iki awujud “UMPAK” kanggo landasan cagak (tiang). Amarga abot banjur ora digawa, Sunan Kalijaga ndawuhi yen piranti iku ditinggal wae nang kana, tumekan saiki piranti iku diarani “WATU BOBOT” artine watu sing abot.
Sakwise tumeka ing Demak, Sunan Kalijaga ngutus Empu Supa kanggo nggoleki Rayine yaiku Dewi Rosowulan sing lagi “Tapa Ngidang” (tanpa busana). Amarga wujude kaya kidang, Dewi Rosowulan ora bisa digawa bali nyang Demak. Banjur Sunan Kalijaga maringaken cinde, nganggo cinde iku Dewi Rosowulan bisa digawa bali nyang Demak.
Amarga Empu Supa bisa digawa bali Dewi Rosowulan, banjur Empu Supa dikawinke karo Dewi Rosowulan. Ananging sakdurunge kawin, Sunan Kalijaga njaluk digawekake keris dening Empu Supa sing digawe ing panggonan sing wis ana geni kanggo mbakar, ana banyu kanggo nyepuh, lan ana watu kanggo landasan supaya bisa dithuthuk. Empu Supa banjur budhal menyang panggonan mau lan nggawe keris kaya panyuwune Sunan Kalijaga. Keris iku diarani keris Kyai Sengkelet (Kyai Slamet). Keris iku digawe ora nganggo palu nanging dithuthuki nganggo tangan, sakwise keris banjur dicelupake nyang Sendhang. Saknalika banyu sendhang sing asale bening dadi buthek. Sendhang iku diarani “Sendhang Dudo” amarga banyune iku katon umeb sing disebabke ana gas sing metu saka sumur.
Sakwise ngrampungake tugas, Empu Supa banjur dikawinke karo Dewi Rosowulan. Amarga keris gaweane Empu Supa iku dianggep sekti lan nduweni kekuwatan, Empu Supa banjur diwenehi tugas saka Sultan Demak kanggo nggawe pusaka lan mrapen didadekake pusat pagaweyan mau.

                                                                                                                   
                                                                                                   



NYAI DHAPU

      Nalika jaman rumiyin kitha Semarang dipunasta dening Ki Ageng Pandanaran II wekdal semanten penyebaran agami Islam nembe majeng- majengipun. Sesampunipun tumut anggenipun ngasta bupati ing Semarang saha dipunraos sampun kathah anggenipun necep ajaran agami Islam, Ki Ageng Pandanaran II lajeng ngersakaken lereh kawibawaan. Ki Ageng Pandanaran II lajeng jengkar nilar kitha Semarang tindak wonten Tembayat (Bayat) laladan Klaten, kanthi mboten pamitan kaliyan para kulawarganipun.
      Nyai Ageng Pandanaran sasampunipun mengertos menawi katilar dening ingkang raka, lajeng nusul Ki Ageng Pandanaran II wonten ing Tembayat. Ki Ageng Pandanaran II lajeng katelah nama Sunan Bayat, ngantos dumugi sasedanipun ugi lajeng dipunsarekaken wonten ing Bayat.
      Ki Ageng Pandanaran taksih nilar adik pawestri ingkang naminipun Ni Pandhansari, ingkang ugi nusul tindakipun Ki Ageng Pandanaran, kanthi dipundherekaken abdi kekaleh ingkang nama Ki Wonobodro lan Ki Wonosari. Wonten ing margi Ni Pandhansari sapandherek miring pawartos bilih ing sakidul kilenipun kitha Semarang wonten satunggaling paguron agami ingkang misuwur, dipunsesepuhi dening Ki Jiwaraga dene papan dunungipun wonten ing dhusun Blimbing, sakidulipun dhusun Boja.
      Ni Pandhansari lajeng tindak dhateng dhusun kasebut, ananging nyatanipun boten pinanggih kaliyan Ki Ageng Pandanaran. Ni Pandhansari saabdinipun lajeng dados muridipun Kyai Jiwaraga. Ni P andhansari menika sawijining Kenya remaja ing luhur budinipun tur sulistya ing warni. Kathah para mudha ingkang sami gandrung lan ngaturaken panglamar dhateng Kyai Jiwaraga temtu kemawon panglamar menika amargi Ni Pandhansari taksih kepengin nambah ngelmunipun.
      Satungaling dinten Ni Pandhansari kepengin mirsani pategilan ingkang kathah sekaripun. Gandeng pategilang menika kathah sekaripun lajeng dipunwastani Tegal Sekaran. Wonten ing mriku Ni Pandansari asring ngawontenaken sayembara ingkang antawisipun mekaten:”sing sapa bisa nyipta sumbering toya, bakal antuk nugroho” kathah para siswa ingkang nyobi nanging mboten wonten ingkang mboten saget. Wusananipun Ni Pandhansari lajeng nyabut cisipun ketancepaken ing siti, saknalika siti medal toyanipun dados sum
ber.
      Sumber menika dipunwastani sendhang sebrayat, toya sendhang menika pranyata ageng sanget paedahipun tumraping masyarakat dusun Boja. Saklajengipun siti tegal sekaran menika kanthi wontenipun toya sendhang sebrayut dipunolah dados pasabinan ingkang subur sanget.
      Mboten antawis dangu Kyai Jiwa Raga nampi siswa ingkang saking Cirebon asmanipun Ki Dapuraja. Pramila dangu- dangu Ki Dapuraja tuwoh raos tresnanipun dhateng Ni Pandhansari. Sesampunipun krami, Ki Dapuraja kepengin gegriya piyambak. Wiwit dedalem wonten ing dhusun Boja menika, Ni Pandhansari lajeng dipunsebat Nyai Dapurojo utawi Nyai Dapu, dene Ki Dapurojo ugi kasebat Kyai Dapurojo utawi Kyai Dapu.
      Kangge nyekapi kabetahaning agesang, Nyai Dapu lajeng matur dumateng Kyai Dapu supados dipundamelaken ilen- ilen toya, nanging Kyai Dapu mboten saget. Wusana Nyai Dapu lajeng nyali rani piyambak, caranipun inggih menika kanthi nggeret setagenipun saking sendang sebrayut ngantos dumugi dalemipun, ingkang dipunwastani saluran Sidapu.
      Asmanipun Nyaio Dapu angambar arum ngantos kawenatr dumugi dusun- dusun tlatah sanes, sedaya sami asung pakurmatan dumateng Nyai Dapu. Menika dadosaken lingsemipun Kyai Dapu lajeng piyambakipun kesah saking dusun Boja nilar Nyai Dapu.

      Sakderengipun Kyai Dapu kesah Nyai Dapu kagungan panyuwun supados Kyai Dapu kerso nancepaken toya ingkang benter. Dene Nyai Dapu ugi lajeng nancepaken cisipun wonten siti sacelakipun lan ngedalaken toya ingkang asrep. Papan menika lajeng katelah pasinan utawi masinan.
      Kyai Dapu lajeng tindak nilar Nyai Dapu, tindakipun dating kaliputih. Kyai Dapu manggen ing dhusun kasebat ngantos dumugi sedanipun. Panggenan palereman igi pasareyanipun Kyai Dapu katelah dusun Kalidapu. Sakpengkeripun Kyai Dapu, Nyai Dapu nglajengaken anggenipun mbangun dusun Boja pramila kanthi rancak, dhusun Boja dados majeng, rame. Nyai Dapu ingkang dados rondo badhe dipungarwo kaliyan Ki Wonosari abdeniupun. Nanging Nyai Dapu mboten kersa nampi, malah dadosaken dukanipun. Ki Wonosari katundung kesah, jalaran Nyai Dapu dipunanggep ngeridu anggenipun badhe mbangun dhusun Boja.
      Ki Wonobodro inggih menika abdi ingkang satunggalipun gadah putra jaler. Saklajengipun putranipun Ki Wonobodro mbiyantu Nyai Dapu anggenipun mbangun dhusun Boja. Piyambakipun dados lurah Boja, lan katelah nama Kyai Boja. Kajawi dados abdinipun Nyai Dapu, Kyai Boja ugi kapundutr garwo Nyai dening Nyai Dapu. Ananging kangge njagi arum asmanipun Nyai Dapu, pramila Kyai Boja tetep kasebat abdi kinasih.
      Ing wusono sedoyo sami sedo wonten ing Boja kang kasarekaken wonten ing Boja. Pasareyanipun Nyai Dapu wonten ing sisih ler, dene Kyai Boja wonten ing sisih kidul. Dening pasareyanipun Ki Wonobodro wonten ing sandingipun Nyai Dapu dumunung ing sakwejening pager tembok. Miturut prasajaning sifat pribadinipun Kyai Boja, ngantos sapriki makamipun mboten kersa dipun bangun sae, cekap kados makam- makam umum nedahaken pribadinipun Kyai Boja ingkang merakyat.
      Kangge ngemut- ngemut jasa perjuanganipun Nyai Dapu tumrap masyarakat ing dhusun Boja, lan ugi kangge ngurmati agunging asmanipun. Ing saben taun inggih menika katiti tanggal 7 wulan syawal dipunwonteni Merthi dhusun lan syawalan. Sakderengipun Kyai Dapu kesah Nyai Dapu kagungan panyuwun supados Kyai Dapu kerso nancepaken toya ingkang benter. Dene Nyai Dapu ugi lajeng nancepaken cisipun wonten siti sacelakipun lan ngedalaken toya ingkang asrep. Papan menika lajeng katelah pasinan utawi masinan.

                          





Tidak ada komentar:

Posting Komentar