Kembang
Wijaya Kusuma
Miturut crita jaman semono ana
raja saka Jawa Timur yaiku Kerajaan Kediri sing aran Prabu Aji Pramosa. Dheweke
duwe watak atos lan ora gelem ngalah karo sapa wae, apa maneh karo raja-raja
saka kerajaan liya.
Wektu iku ing wilayah kerajaan
ketekanan resi sing aran Resi Kano utawa Kyai Jamur. Resi kano iku wis misuwur kasektenane. Anane Resi Kano ing
kono ndadekake Prabu Aji Pramosa kuwatir mbok menawa Resi Kano nduwe niyat ala karo dheweke lan
kerajaane. Dheweke wis
wanti-wanti karo para punggawa-punggawane supaya luwih ati-ati. Prabu Aji
Pramosa kuwatir yen kerajaane bakal nandhang bebaya.
Jalaran saka iku Prabu Aji
Pramosa nglumpukake para punggawa-punggawane dijak rembugan. Rembugane bab piye
carane supaya bisa nyingkirake Resi Kano saka tlatah kono. Bareng rembugane wis rampung, Prabu Aji
Pramosa rada tentrem atine. Akhire Prabu Aji Pramosa gawe keputusan yen Resi
Kano bakal ditundhung saka Kerajaan Kediri. Pokoke Resi Kano ora entuk lunga
saka kono sadurunge dipateni karo Prabu Aji Pramosa. Nanging Resi Kano minggat
luwih dhisik saka Kerajaan Kediri
sadurunge ditundhung karo Prabu Aji Pramosa..
Minggate Resi Kano saka
wilayah Kerajaan Kediri
malah ndadekake Prabu Aji Pramosa murka. Prabu Aji Pramosa durung bisa tentrem
yen durung bisa nemokake Resi Kano. Prabu Aji Pramosa akhire lunga karo
punggawa-punggawane nggoleki Resi Kano. Saupama mengko kecekel Resi Kano
langsung dipateni.
Resi Kano minggat menyang arah Pantai Selatan Pulau Jawa
cedhake Cilacap. Ing kono Resi Kano semedi njaluk karo Gusti sing Murbeng
Dumadi supaya dheweke diparingi slamet lan ora ana sing bisa nemokake dheweke
ing kono. Nanging durung klakon apa sing dijaluk, Prabu Aji Pramosa lan para
punggawa-punggawane wis
bisa nemokake nggon delikane Resi Kano. Bareng wis di temokake nggone mau, banjur Resi Kano dipateni dening
Prabu Aji Pramosa lan para punggawane.
Nalika Resi Kano wis dipateni, ana swara
gludhug lan angine banter banget sing nggawe Prabu Aji Pramosa lan
punggawa-punggawane merinding. Sawetara kahanan wis apik, ana naga raksasa sing kaya-kaya
meh nguntal dheweke. Weruh kaya ngono Prabu Aji Pramosa malah ngunus jemparinge
lan diarahke neng wetenge naga raksasa iku mau. Akhire naga mati lan kentir
ombak Pantai Laut Selatan.
Bareng Prabu Aji Pramosa arep
balik saka kono, dumadakan ana swara ngundang dheweke saka arah wetan. Swara
iku mau jebul swarane sang putri, putri iku ngendikan karo Prabu Aji Pramosa :
“Prabu, panjenengan iku raja
sing gagah prakosa tur wicaksana. Ngertenana prabu aku iki Dewi Wasowati. Anane
aku neng kene amarga dikutuk karo Gusti sing Murbeng Dumadi. “Prabu Aji
Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki
arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan”
amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis
tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal
kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan. ”Jalaran
saka jasamu aku bisa njelma maneh dadi manungsa biasa. Minangka aku bales
jasamu, panjenengan tak aturi cangkok kembang wijaya kusuma iki. “Prabu Aji
Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki
arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan”
amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis
tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal
kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan.”
“Yen kowe duweni cangkok
kembang wijaya kusuma kowe bakale bisa nurunake raja-raja sing bisa misuwur ing
tanah jawa. Mula tampanana cangkok iki.”
Krungu kaya ngono Prabu Aji Pramosa kanthi sumringah
langsung nampani cangkok Kembang Wijaya Kusuma mau. Nanging Dewi Wasowati uga
duwe pesen karo Prabu Aji Pramosa :
“Prabu Aji Pramosa, ngertenana
yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi
jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan”
amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis
tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal
kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan.”
Sawuse cangkok diwenehake marang Prabu Aji Pramosa, Dewi
Wasowati ilang. Banjur sang prabu mbalik kanthi numpaki jukung. Cangkok mau
diselehake neng sandhinge, nanging
bareng cangkoke ceblok,Prabu Aji Pramosa ora ngerti. Dheweke sadhar
nalika wis
teken pinggir, Prabu Aji Pramosa bingung ngoleki cangkoke iku. Prabu aji
pramosa mung bisa nyalahake awake dhewe neng apa kok ora ati-ati anggone njaga
cangkok mau. Akhire Prabu Aji Pramosa mbalik neng kerajaan Kediri karo punggawa-punggawane. Lan apa sing
dialami dina iku mau dicritakake marang wong-wong kerajaan.
Ora let suwe keprungu kabar yen ing dhuwur karang Pulau
Nusa Kambangan thukul wit sing aneh,wite iku ora ana wohe. Prabu Aji Pramosa
kepengen weruh jan-jane wit apa sing thukul ing dhuwur karang iku. Akhire Prabu
Aji Pramosa lunga neng Pulau Nusa Kambangan. Bareng tekan kono dheweke kaget
jebul wit sing dimaksud wong-wong iku cangkok kembang wijaya kusuma sing dhisik
tau ditampa saka Dewi Wasowati. Nanging wit iku mau ora bisa dijupuk dening
Prabu Aji Pramosa. Akhire Prabu Aji pramosa mung bisa balik karo rasa kuciwa.
Miturut crita sing ana, nganti saiki Kembang Wijaya
Kusuma dipercaya yen sapa wonge duwe cangkok kembang wijaya kusuma bakale
nduweni keturunan sing mulya uripe. Nanging cangkok mau ora entuk dijupuk karo
sembarang wong, kudune wong sing karep njupuk kudu semedi luwih dhisik.
fatih lan endang, Semarang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar