Selasa, 14 Januari 2014

Hasil Observasi Tentang Ki Ageng Sela di Beberapa kecamatan Grobogan

1.      Kecamatan Kedung Jati
Narasumber
Nama : Bapak Sutiyo
Alamat : Kalimaro Rt 04/Rw 04 Kec. Kedung Jati.
Umur : 47 Tahun
Pekerjaan : Wiraswasta/ Ketua RT

            Kacariyosaken wonten priyantun ingkang anama Ki Bagus Songgom. Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban, ing satunggaling dinten kerajaan Tuban nemahi kahanan susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/ rubuh amarga peperangan ageng kang ndamel raja kerajaan Tuban seda. Raja kerajaan Tuban menika ramanipun Ki Bagus Songgom. Ki bagus songgom ingkang slamet pindah wonten ing dusun Sela Kec. Tawangharjo Kab. Purwodadi. Panjenenganipun kepanggih kaliyan Sunan Kaijaga ing Demak lajeng Ki Ageng Seladados muridipun Sunan Kalijaga.
            Wonten ing dusunipun Ki Ageng Sela kawentar anggadhahi karemenan anandur taneman, panjenengane dados petani. Ing satunggaling Satunggaling carios wonten priyantun ingkang anama Ki Ageng Sela. Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban. Ing satunggaling dinten kerajaan Tuban nemahi kahanan kang susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/rubuh nalika wonten peperangan ageng lan ramanipun Ki Ageng Sela seda saknalika. Ki dinten Ki Ageng Sela di dhawuhi dening Sunan Kalijaga tapa wonten ing pucuking gunung Watu Pawon kang manggen ing Kec. Brati. Ki Ageng Selapikantuk pusaka kang arupi keprigelan nyepeng bledhek.
            Sawijining dinten Ki Ageng Sela taksih anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Sela boten pati nggagas nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Sela duka lan gledhek menika dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta wangsul dipun deken wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Sela.
            Cariyosipun gledhek menika wonten pacanganipun, gledhek setunggal sampun dipun cekel dening Ki Ageng Sela lan pacanganipun duka (dendam) kaliyan Ki Ageng Sela lan putra wayahipun. Lajeng wonten papali menawi wayah surup boten angsal saba wonten ing sabin lan menawi wonten mireng gledhek nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
            Sunan Kalijaga mangertosi keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Sela nglampahi dhawuhipun Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sakwise dugi wonten ing kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Sela nggambar gledkeh menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki Ageng Sela tksih nglukis wonten mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng suantenipun  gledhek ageng. Gledhek ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah ingkang nyiram ugi ical saknalika.
Pepali
1.      Boten angsal saba ing sawah wayah surup
Amarga pacangane gledhek duka (dendam) marang Ki Ageng Sela lan anak putune bakal di samber yen gledhek upama saba wayah surup. lan menawi wonten mireng gledhek nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
2.      Yen krungu gledhek nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
Amarga nyebut kanthi Asmane Gusti Allah bakal slamet.
3.      Yen krungu gledhek nyebut “ gandrik, aku putune Ki Ageng Sela”
Amarga gledhek wedi karo tanduran gandrik lan isih ketrurunane Ki Ageng Sela.
4.      Wong wadon prawan ora olih nglungguhi utawa ngumbahi ing watu.
(ora ana latar belakange)
5.      Ora olih nandur waluh
(ora ana latar belakange)






2.      Kecamatan Tegowanu
Narasumber
Nama : Mbah Muhtarom
Alamat : -
Umur : 70 Tahun
Pekerjaan : -

            Sawijining dinten Ki Bagus Songgom taksih anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Bagus Songgom boten pati nggagas nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Selo duka lan gledhek menika dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lajeng dipun bekta wangsul dipun dekek  wonten ing latar wingking dalemipun Ki Ageng Selo.
            Tiyang tangga-tangganipun Ki Bagus Songgom ngertos menawi panjenengane saged nyekel gledhek lajeng warga dusun Selo maringi jejuluk dhateg Ki Bagus Songgom kanthi jejuluk Ki Ageng Selo, Ki Ageng Selo ugi dados patuladhan wonten ing desa Sela kanthi sifate kang remen peperangan, yaiku peperangan nglawan tiyang-tiyang ingkang sami serakah.
Sunan Kalijaga gurunipun Ki Ageng Selo mangertosi keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Selo nglampahi dhawuhipun Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sakwise dugi wonten ing kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Selo nggambar gledhek menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki Ageng Selo taksih nglukis wonten mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng suwantenipun  gledhek ageng. Gledhek ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah ingkang nyiram ugi ical saknalika.
Pepali
1.      Aja Celimuti
Arti : aja dadi wong sing seneng nyolong.
2.      Aja mburu aleman
Arti : aja dadi wong sing manja
3.      Aja ladak, wong ladak pan gelis mati
Arti : aja dadi wong sing galak utawa emosinan lan nesunan ( marakke gelis mati )



















Cerita Rakyat Ki Ageng Selo dari Kec. Tegowanu, Kec. Gubug, Kec. Tangungharjo, Kec.Kedungjati dan Kec. Karangrayung
Kacariyosaken wonten priyantun ingkang anama Ki Bagus Songgom. Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban, ing satunggaling dinten kerajaan Tuban nemahi kahanan susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/ rubuh amarga peperangan ageng kang ndamel raja kerajaan Tuban seda. Raja kerajaan Tuban menika ramanipun Ki Bagus Songgom. Ki bagus songgom ingkang slamet pindah wonten ing dusun Selo Kec. Tawangharjo Kab. Purwodadi. Panjenenganipun kepanggih kaliyan Sunan Kaijaga ing Demak lajeng Ki Ageng Selo dados muridipun Sunan Kalijaga.
            Wonten ing dusunipun Ki Ageng Selo kawentar anggadhahi karemenan anandur taneman, panjenengane dados petani. Ing salah Satunggaling cariyos wonten priyantun ingkang anama Ki Ageng Selo. Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban. Ing satunggaling dinten kerajaan Tuban nemahi kahanan kang susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/rubuh nalika wonten peperangan ageng lan ramanipun Ki Ageng Sela seda saknalika. Ki dinten Ki Ageng Sela di dhawuhi dening Sunan Kalijaga tapa wonten ing pucuking gunung Watu Pawon kang manggen ing Kec. Brati. Ki Ageng Selapikantuk pusaka kang arupi keprigelan nyepeng bledhek.
            Sawijining dinten Ki Ageng Selo taksih anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Selo boten pati nggagas nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Selo duka lan gledhek menika dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta wangsul dipun deken wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Selo.
            Cariyosipun gledhek menika wonten pacanganipun, gledhek setunggal sampun dipun cekel dening Ki Ageng Selo lan pacanganipun duka (dendam) kaliyan Ki Ageng Selo lan putra wayahipun. Lajeng wonten papali menawi wayah surup boten angsal saba wonten ing sabin lan menawi wonten mireng gledhek nyebut Laahaula walaquwwataillabillah ping 3.
            Tiyang tangga-tangganipun Ki Bagus Songgom ngertos menawi panjenengane saged nyekel gledhek lajeng warga dusun Selo maringi jejuluk dhateg Ki Bagus Songgom kanthi jejuluk Ki Ageng Selo, Ki Ageng Selo ugi dados patuladhan wonten ing desa Selo kanthi sifate kang remen peperangan, yaiku peperangan nglawan tiyang-tiyang ingkang sami serakah.
            Ing sawijining dinten Ki Ageng Selo nampi dhayoh ing daleme, dhayoh menika kancanipun Ki Ageng Sela. Nalika taksih nampi dhayoh, sampun dados padatan garwanipun masak kagem dhayoh menika. Nanging nalika dhayoh di pun tawani dhahar, dhayohipun menika boten purun amargi sampun dhahar wonten ing warung ing dalan nalika badhe teng dalemipun Ki Ageng Selo. Ki Ageng Selo manahipun kraos duka amargi dhayoh ingkang kancanipun menika boten purun dhahar kamangka sampun dipun masakaken lajeng wonten pepali menawi ing dusun Sela menika boten angsal sadean sekul.
                Sunan Kalijaga gurunipun Ki Ageng Selo mangertosi keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Selo nglampahi dhawuhipun Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sawise dugi wonten ing kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Selo nggambar gledhek menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki Ageng Sela taksih nglukis wonten mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng suantenipun  gledhek ageng. Gledhek ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah ingkang nyiram ugi ical saknalika.

3.      Kecamatan Gubug
Narasumber
Nama               : Bapak Sucipta
Alamat            : -
Umur               : 50 tahun
Pekerjaan         : pegawai kecamatan

Kacariyosaken Ki Ageng Sela taksih anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Sela boten pati nggagas nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Sela duka lan gledhek menika dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta wangsul dipun deken wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Sela.
Ing sawijining dinten Ki Ageng Sela nampi dhayoh ing daleme, dhayoh menika kancanipun Ki Ageng Sela. Nalika taksih nampi dhayoh, sampun dados padatan garwanipun masak kagem dhayoh menika. Nanging nalika dhayoh di pun tawani dhahar, dhayohipun menika boten purun amargi sampun dhahar wonten ing warung ing dalan nalika badhe teng dalemipun Ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela manahipun kraos duka amargi dhayong ingkang kancanipun menika bten purun dhahar kamangka sampun dipun masakaken lajeng wonten pepali menawi ing dusun Sela menika boten angsal sadean sekul.
Sunan Kalijaga gurunipun Ki Ageng Selo mangertosi keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Sela nglampahi dhawuhipun Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sawise dugi wonten ing kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Selo nggambar gledhek menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki Ageng Selo taksih nglukis wonten mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng suantenipun  gledhek ageng. Gledhek ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah ingkang nyiram ugi ical saknalika.







PURWAKA
Puji syukur dhumateng ngarsaipun Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring sedaya Rahmat lan Hidayat ugi kegancaran sahengga kita saged andamel lan ngrampungaken Tugas Sastra Lisan menika kanthi irah-irahan “Cerita Ki Ageng Sela dan Pepalinya dari 5 Kecamatan di Kabupaten Grobogan”.
Tugas menika dipun susun saking data ingkang dipun angsalaken kanthi metode wawancara warga saking 5 Kecamatan, Kabupaten Grobogan ingkang anggadhahi ancas mangertosi cerita takyat lan pepali saking Ki Ageng Sela wonten ing 5 Kecamatan menika. Kita mangertos menawi Tugas menika taksih kathah kekiranganipun. Kagem sedaya ingkang biyantu andamel Tugas menika kita ngaturaken agunging panuwun.







penulis






DAFTAR PUSTAKA

NARASUMBER
1.      Nama               : Sucipto
Alamat                        : Tegowanu
Umur               : 47 Tahun
Pekerjaan         : PNS
No. Hp                        : 085326045562

2.      Nama               : Syofiq
Alamat                        : Gubug, Rt 02/Rw 01
Umur               : 53 Tahun
Pekerjaan         : PNS
No. Hp                        : 081390080220

3.      Nama               : Suharno
Alamat                        : Tanggungharjo, Rt
Umur               : 50 Tahun
Pekerjaan         : Wiraswasta
No. Hp                        : 085292113097

4.      Nama               : Sutiyo
Alamat                        : Kalimaro,Rt 04/Rw 04 Kec.Kedungjati
Umur               : 47 Tahun
Pekerjaan         : Wiraswasta
No. Hp                        : 085327187280


5.      Nama               : Mbah Tarom
Alamat                        : Karangrayung
Umur               : 70 Tahun
Pekerjaan         :  -
No. Hp                        :  -






















W                 : Assalamualaikum, badhe  nyuwun pirsa babagan Ki Ageng Sela wonten ing kecamatan gubug pak?
N                  : Ki Ageng Sela?
W                 : Nggih, cariyosipun Ki Ageng Sela wonten ing kecamatan gubug?
N                  : boten wonten, Ki Ageng Sela kan wonten mrika godong, e purwodadi wirosari.
W                  : Ndek wau ngendikanipun bapak shofiq,  mbok menawi bapak tepang utawi mangertos babagan Ki Ageng Sela.
N                    : Ki Ageng Sela?
W                    : Nggih, cariyosipun ngoten pak?
N                     : Lha terus badhenipun??
W                    : Nggih cariyos pak, menawi  wonten pepali -pepali wonten mriki napa mboten?
N                     : Ki Ageng Sela manggone ing Tawang Harjo iku,
W                    :  Nggih.
N                     : Ki Ageng Sela kan, kala sejarahe riyen sak ngertine kula iku saking anak bawahipun Sunan  Kalijaga.iku thok sing tak ngerteni.ing mriki iku boten Ki Ageng Sela,anaging Ki Ageng Sabariman.
W                    : namung niki ,kula nggih mpun ing tawang harjo ,niku datae di ambil dari tiap-tiap kecamatan
N                     : boten ngertos kula mbk?
W                    :Sedikit saja pak?
N                     : Nggak nggak, nggak tau saya,yang saya tau hanya dia bisa menangkap petir dan petirnya itu dikurung.Ki Ageng Sela iku wedi karo getih.
W                    : Terus pripun pak?
N                     : Kula boten ngertos mbak, ingkang kula ngertosi namung Ki Ageng Sela kuwi nduwe anak nduwe bojo.bojone jenenge Nawang Wulan, anak e Nawangsih. Wis mbak namung iku sing tak ngerteni, amarga ning kene ora KiAgeng Sela, ananging Ki Ageng Sabariman.
W                    : lha wonten pamali-pamalinipun nopo mboten pak?
N                     : Pamalinipun niku nek  ning Tawang Harjo ugak oleh dodolan sega, karo iku gak oleh nandur waloh.
W                    : Lah, niku maksude pripun pak?
N                     : Ya wis ko kono mula, aku ora ngerti.
W                    : Lah niku pak, ajaranipun Ki Ageng Sela ing daerah mriki tasih di lakukan apa sudah tidak pak?
N                     : Wis ora, jaman sakniki sampun beda.
W                    : nggih mpun pak,matur suwun, sepurane merepotkan bapak lan ganggu wekdalipun bapak,

N                     ; Ya,mboten napa-napa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar