ASAL MULA DHESA LAN
KALI KRAMAT ING TLATAH BATANG
Rikala dhisik Sultan Agung ngutus putrane Jaka Bahu
kanggo babat alas roban. Jaka Bahu
akhire tumindak marang apa kang wis di utusake Sultan Agung kuwi mau. Amarga
ana sing ngganggu Jaka Bahu kang lagi babat alas Roban, banjur Jaka Bahu
nglakoni tapa, kanggo ngerteni apa sebabe kuwi mau. Jaka Bahu ngerti yen kang ganggu iku mau
bangsaning lelembut kang dipimpin Dadungawuk.
Banjur kedaden perang antarane Jaka Bahu lan Dadungawuk lan prjurite.
Dadungawuk bisa dikalahake dene Jaka Bahu lan janji ora
bakal ngganggu Jaka Bahu lan prajurite Jaka Bahu. Banjur babat alas kuwi mau dadi lancar.
Jaka Bahu banjur nerusake babat alas roban menyang arah
kulon nganti teka ing kali gedhe yaiku kali Kramat. Jaka Bahu kepikiran gawe bendhungan ing kali
Kramat, amarga arep digawe sawah. Jaka Bahu tandhang gawe bendhungan. Ananing banyu kang mili durung mesti, kadhang
cilik uga ora Jaka Bahu ngerteni banyu kang mili iku gedhe lan ndadekaken
bendhungan kuwi jebol.
Jaka Bahu goleki penyebabe kuwi mau. Pranyata kang ndadekaken bendhungan kuwi
jebol, yaiku ana watang prahu gedhe kang nglintangi bendhungan. Prajurite Jaka
Bahu ora ana sing bisa nyingkirake watang prahu kuwi mau. Bajur Jaka Bahu nglakoni tapa ing pinggiring
kali kuwi mau kanggo ngentuki tenaga supaya bisa mindahake prahu. Wektu iku malem jumat kliwon. Jaka Bahu anggone tapa iku mau dilakoni
kanthi sregep, lan ora dingerteni, wayah fajar Jaka Bahu ngentuki tenaga utawa
kramat kang dikarepake. Sakwise Jaka
Bahu entuk keramat kuwi mau, banjur Jaka Bahu budhal menyang watang prahu kang
nglintangi bendhungan. Watang prahu sing
maune gedhe katon cilik dene Jaka Bahu.
Jaka Bahu nekuk watang prahu mau kanthi tugel.
Kanthi watang mau tugel dene Jaka Bahu, bendhungan mau
dadi lancar maneh. Ananing bebayan dudu
mung siji kuwi mau. Bendhungan kang wis
dadi kuwi mau jebol maneh. Jaka Bahu ora
nyerah kanggo goleki apa sebabe kuwi mau jebol.
Lan kasile tapa mau, Jaka Bahu ngerteni menawa ana gapura ing jero
kedung. Kang duweni kedung iku yaiku
bangsaning lelembut kang wujude ula.
Bangsaning lelembut mau uga kang ngrusak bendhungan. Kerajaan lelembut kuwi dipimpin dene Kala
Drubiksa. Jaka Bahu banjur ora terima,
pagaweyane diganggu dene Kala Drubiksa lan prajurite. Jaka Bahu tandhang, ngamuk ing istanane Kala
Drubiksa. Prajurite Kala Drubiksa akeh
sing mati.
Kala Drubiksa ora trima.
Ora nganggo mikir suwe Kala Drubiksa banjur tandhang dewe metu nggoleki
lan ngadhepi Jaka Bahu. Jaka Bahu kang
lagi ngamuk disruduk dene Kala Drubiksa, Jaka Bahu dicokot lan digubet kuwat
dene Kala Drubiksa.
Ora kalah pokal kanthi tenaga kang kari sithik, Jaka Bahu
bisa ucul saka gubetan kuwi. Jaka Bahu
mlayu golek papan kanggo umpetan. Jaka
Bahu uga arep mulihake tenagane kanggo ngadhepi Kala Drubiksa. Ora dingerteni dene Jaka Bahu yen papan kang
dienggo umpetan kuwi mau, uga Taman Keputren dene adine Kala Drubiksa yaiku
Drubiksawati. Drubiksawati kadung
katresnan marang Jaka Bahu. Amarga Jaka
Bahu wis ngerti yen Drubiksawati kuwi adine Kala Drubiksa, banjur Jaka Bahu
nggunakake katresnane Drubiksawati kanggo nggoleki wadine Kala Drubiksa. Kanthi syarat Jaka Bahu kudu gelem nampa
katresnane Drubiksawati. Dubriksawati
nyolongake pedhang Swedang kasektenane Kala Drubiksa.
Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang Swedang mau, dheweke ora
arep mateni Kala Drubiksa, ananing arep gawe kapok Kala Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu lan Drubiksawati nyandhang
tresna, banjur Jaka Bahu karo prajurite budhal nggoleki Kala Drubiksa. Jaka Bahu lan Kala Drubiksa banjur
perang. Ngerti pedhang Swedang ana ing
Jaka Bahu, banjur Kala Drubiksa mlayu ngalor.
Jaka Bahu ngoyak, Kala Drubiksa kecekel.
Perang mau kandhek, banjur Kala Drubiksa janji menawa dheweke ora arep
ngganggu kauripane manungsa. Dene Jaka
Bahu, Kala Drubiksa diwenehi papan panggonan kanggo uripe Kala Drubiksa sak
prajurite ing Roban sisih lor. Kala
Drubiksa uga duweni jatah mangan asile bumi.
Ing wektu Jaka Bahu lan Kala Drubiksa mau rembugan,
pedang Swedang mau diselehake ing pinggiring kali kang nikung kang dijenengi
kali (Dang). Ing sateruse papan kuwi mau
dijenengi Klidang. Lan daerah ing
sekitare uga dijenengi Desa Klidang.
Ora ono maneh kang ganggu tugase Jaka Bahu ngrampungake
bendhungan mau, saengga cepet bendhungan Kramat mau dirampungake. Dadi tugase Jaka Bahu kanggo nyiapake daerah
kanggo para tani ing daerah alas Roban kang uriping bangsa lelembut mau dadi
rampung.
Amarga menange Jaka Bahu lan kalahe Kala Drubiksa, warga
ing sekitaring kali mau uga seneng lan warga ngadakake sukuran ing kali
mau. Lan sukuran mau diarani
Lomban. Lomban mau didakekaken tradisi
karo warga Klidang setahun sepisan kang ditibakake ing tanggal 1 syawal.
Menange Jaka Bahu mau, Sultan Agung ngangkat Jaka Bahu
dadi Bupati Kendal. Ananging Jaka Bahu
isih ditugasi kanggo jupuk Putri Retno Rantan Sari kang dititipake ing dhesa
kalisalak, supaya diboyong menyang Mataram.
Jaka Bahu tandhang, banjur methuki Retno Rantan Sari. Tumeka ing Kalisalak, Jaka Bahu katresnan
marang kaendhahane dhesa Kalisalak.
Joko Bahu uga ora lali methuki Pak Wongso, wong kang
dititipi Retno Rantan Sari. Sakwise Jaka
Bahu nyampekaken kekarepane, Pak Wongso banjur nyerahake Retno Rantan
Sari. Jaka Bahu sing maune utusan saka
Sultan Agung kuwi, malahan tandhang tresna marang Retno Rantan Sari. Sadurunge Jaka Bahu wis ngerti yen Retno
Rantan Sari arep dipek garwo karo Sultan Agung.
Nanging Rantan Sari uga katresnan marang Jaka Bahu. Ora kelangan akal, Jaka Bahu kang bingung
kudu piye, Jaka Bahu banjur nemoni Ki Ageng Cempaluk, kanggo nggoleki wejangan.
Ora disengaja ing Dhesa Kalibeluk ana putri kang rupane
padha karo Rantan Sari kang jenenge Endang Muranti. Banjur Ki Ageng Cempaluk ngongkon Joko Bahu
menyang Kali Beluk methuki Endang Muranti.
Jaka Bahu budal menyang Kali Beluk banjur mboyong Endang Muranti menyang
Mataram. Endang Muranti diserahake
Sultan Agung, nanging Sultan Agung ora curiga.
Endang Muranti uga semaput, amarga weruh kaendahane
istana. Barang wis sadar, banjur Endang
Muranti ngakoni marang Sultan Agung, menawa dheweke dudu Retno Rantan Sari,
Sultan Agung kuciwa lan duka. Jaka Bahu
dikon ngadhep Sultan Agung. Jaka Bahu
diwenehi hukuman, hukuman kuwi awujud tugas.
Tugas iku mau yaiku babat alas Gambiran.
Endang Muranti uga dibalekake ing Kali Beluk.
Fatih cueng lan Endang, Semarangan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar